Cerita Rakyat Bahasa Jawa Asal-usul Surabaya: Geger Ra Kalah Yo Ra Ngalahno

photo author
- Kamis, 10 November 2022 | 13:31 WIB
Kisah cerita rakyat Asal-usul Surabaya Bahasa Jawa non krama inggil (Freepik.com/Storyset)
Kisah cerita rakyat Asal-usul Surabaya Bahasa Jawa non krama inggil (Freepik.com/Storyset)

Mengerti.id - Rek, ayo moco “Cerita Rakyat Asal-usul Surabaya Bahasa Jawa” ndek ngisor iki.

“Cerita Rakyat Asal-usul Surabaya Bahasa Jawa” ndek ngisor iki iso mbok woco pas awmu lodang karo leyeh-leyeh. Utowo iso mbok wacakno neng anakmu sakdurunge dheke turu.

Iki “Cerita Rakyat Asal-usul Surabaya Bahasa Jawa”:

Baca Juga: Rekomendasi 10 Game Petualangan dengan Grafik dan Alur Cerita Terbaik, Nomor 6 Jangan Sampai Dilewatkan

Bien, onok iwak hiu Suro ambek Boyo sing gaenane gegeran ra mandek-mandek. Siji podo sengite karo sijine koyok-koyok wis gaonok obate. Gaonok sing kalah yo gaonok sing menang soale loro-lorone podo-podo gedhi, podo-podo kuat, podo-podo pinter, yo podo-podo nggragas.

Gegerane Suro ambek Boyo kui guduk gara-gara rebutan wedokan, tapine gara-gara rebutan badokan sampek cokot-cokotan ambek jotos-jotosan soale wis nepsu paten-patenan.

Awale, Suro kaliren, wis mbadok mangsa-mangsa ndek segoro tapi sek durung wareg-wareg. Akhire dheke mblakrak neng daratan cek iso nguber mangsa liyone. Ndedepi bedhes, kidang, manuk, iwak cilik, ambek macem-macem. Ngemplok sing iso diemplok seakeh-akehe, sewareg-warege, selego-legoe.

Dheke moro mulih maneh neng segoro asale, leyeh-leyeh, nyaplok mangsa maneh lek luwe maneh. Moro leyeh-leyeh maneh. Nyaplok maneh. Ngono tok sakteruse.

Baca Juga: Cerita Rakyat Malin Kundang Bahasa Jawa: Pengeran Mbales Dedungoku, Ngerteni Nelongsoku

Ganti dino. Suro sing nggragase puoll pingin maneh dedep-dedep bedhes koyok wingi. Dheke kaet ngroso koyok-koyok mangan bedhes ambek liyo-liyone ndek daratan wis dadi panganan utomo sakmarine mangan mangsa ndek segoro. Lek gak mangan iku, dheke gak lego-lego. Pokoke kudu komplet koyok wingi, pikire dheke.

Singkate, dedep-dedep mangsa ndek daratan wis dadi kebiasaane Suro sakmarine ngenak-ngenakno mangan ndek segoro. Tapi dheke yo tetep ati-ati tenan pas dedep-dedep ndek papan kui, ben gak konangan karo Boyo, penguwasa papan iku.

Tapine, masio Suro wis pinter eram nyaplok mangsa ndek papan iku sampek gak dikonangi sopo-sopo sakliyane kewan sing dicaplok, suwi-suwi Boyo yo tetep ngroso koyok onok sing aneh ndek papan kekuwasaane. Dheke ngroso mangsae ndek papan iku moro-moro kalong akeh, dadi mek titik banget, gak koyok biasane.

"Laiyo, ndek kene kok tambah sepi koyok ngene yo. Biasane akeh bedhes glantongan ndek wit iko, kidang-kidang playon, manuk-manuk menclok ndek watu, ambek uakeh tenan kewan-kewan liyone. Lha tapi, kewan sing ketok saiki kok mek titik men. Lha liyone nang ndi kabeh, kok raa ketok blas,” jare Boyo.

Baca Juga: Cerita Rakyat Keong Emas dan Hikmahnya, Populer di Jawa Timur

Halaman:
Dilarang mengambil dan/atau menayangkan ulang sebagian atau keseluruhan artikel
di atas untuk konten akun media sosial komersil tanpa seizin redaksi.

Editor: Gilang Rafiqa Sari

Tags

Artikel Terkait

Rekomendasi

Terkini

Kura-Kura Bisa Optimis? Ini Bukti Saintifiknya!

Kamis, 17 Juli 2025 | 19:35 WIB
X